NULIS CERKAK BANYUMASAN
NGGO NGURI-NGURI BASA PENGINYONGAN
Daning Agustav Triono
Budaya kuwe ora mung seni. Basa lan
sastra uga budaya. Neng masrakat, sastra ora mung dewujudna nganggo tulisan.
Neng masrakat ana sastra lisan lan sastra tulis. Sastra lisan neng Banyumas
contone parikan, crita rakyat, babad, dongeng lan jemblung. Banjur sastra tulis
yakuwe geguritan lan cerkak.
Apa iya sastra bisa nggo nguri-nguri
budaya Banyumasan?
Angger dewek nulis sastra Banyumasan
paling ora ana rong perkara sing bisa kewujud nggo nguri-nguri budaya
Banyumasan
Sing sepisan sekang basa. Angger
nganggo basa Banyumasan, dewek bisa nguri-nguri basane biyung (bahasa ibu).
Miturut para ahli basa Banyumasan kuwe basa jawa sing kuna. Neng basa Banyumas
vokal a ya diwaca a, ora dadi o. Umpamane Apa ya di waca Apa ora diwaca Opo.
Sing kepindho sekang isine. Angger
nulis geguritan utawa cerkak Banyumasan kuwe bisa crita takhayul, mitos, babad
uga bisa crita babagan kasunyatan neng masrakat sing dekembangna. Angger nulis
sekang kisah nyata aja apa anane tapi dekembangna utawa debumboni imajinasi ben
dadi apik. Angger dewek crita isine kaya kuwe artine bisa nguri-nguri budaya
sing ana neng masrakat liwat tulisan.
Nulis cerkak Banyumasan idene bisa
sekang ngendi ora. Bisa crita babagan urip sedina-dina, pengalaman pribadi,
keluwarga lan liya-liyane. Seneng maca, maca buku lan maca alam dunya bisa ngrewangi
nggo ngembangna ide.
Tips nulis cerkak (sekang
pirang-pirang sumber):
1. Paragraf pembuka sing bisa marekna sing
maca penasaran kepengin ngerti crita seteruse.
2. Nggerakna tokoh, sifat lan karakter
tokoh bisa dejelasna liwat lakune lan omongane.
3. Fokus crita, ana konflik/masalah sing
decritakna. Aja ngasih critane ora fokus.
4. Ending. Penutup crita degawe sing
marekna pembaca dadi terkesan.
5. Kalimat efektif. Nganggo kalimat sing
cindek ben kepenak dewaca.
6. Judul/irah-irahan. aja kedawan,judul
kuwe wakili isi.
7. Editing.
8. Sedurunge depublikasikna dewaca
maning. Dediskusikna maring wong sing lewih ngerti utawa karo kanca batir.
Sing pungkasan ya kuwe mayuh
bareng-bareng terus njajal nulis, nulis lan nulis. Merga sinau ora ana mandege.
Inyong ya lagi sinau. Maturnuwun...
Klilan.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar