Senin, 28 November 2016

Geguritan SOEDIRMAN TULADHANE PANGINYONGAN



SOEDIRMAN TULADHANE PANGINYONGAN       
               Daning : Agustav Triono
 


Sawah jembar ijo royo-royo
Iline kali nguripi masrakate
Gunung Slamet ngawe-awe
Alame adem ayem, asri lan ngangeni




Ora nyana ora ngira
Bumi Banyumas bumi ksatria
Nglairna pejuang sing kawentar
Jenderal Soedirman asmane





Nalika jaman perang
Pak Dirman ngobarna semangat juang
Senajan awak ringkih kelara-lara
Tetep gagah mimpin gerilya



Panglima Soedirman komandan laskar juang
Ora wedi marang Landa
Mending mati neng medan perang
Ora nyerah neng tengah dalan



Jenderal  Soedirman Jenderal sing kyai
Terus mimpin laskar gendera abang putih
Mbrobos alas mlipir kali
Ngrebut kamardikan sing abadi



Jenderal Soedirman pejuang sejati
Mayuh pada neladani
Semangat lan pengorbanane
Ikhlas bakti marang negeri.



  2014.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar