PENGIMPEN
Daning : Agustav Triono
Ana wong
ngidung kayong kepenak swarane
Kae sapa
jane, Rama?
Wong sing lagi kesepen dekebeki impen-impen, Nak
Nalikane
lintang-lintang pating kerlip pating gebyar
Lho koh ora
nana wulan, Rama?
Iya, wulane agi umpetan neng gigire gunung, Nak
Langite
padhang jembar kalangane
Widadarine
koh urung teka, Rama?
Widadarine agi dandan neng salon sewerga, Nak
Winginane
aku ngimpi widadarine aweh dolanan karo pit anyar
Kapan
tekane ya Rama?
Mengko angger ko unggah-unggahan dadi bintang
tek prentah kon
dejujugna, Nak
Kirane ora
ngapusi, Rama?
Ora, siki ko turua sing ngledher
Ngesuk dadi ora kerainan
Mangkat sekolah ora kawanen
(O ala Nak, dhewek kiye uripe mung sugih pengimpen)
2012.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar