Jumat, 23 Desember 2016

puisi SUARA-SUARA



SUARA-SUARA


Karya : Agustav Triono



Suara-suara dari comberan menyeruak

    Ingin didengar sebab dari murni hati

Suara-suara menjalar membelukar

    Sepanjang perjalanan jaman

Suara-suara mengaliri alur arak-arakan

    Yel-yel kutukan teriakan tuntutan

Suara-suara kini menempel sunyi

    Di gerbang gedung-gedung angkuh menjulang

Suara-suara serak dan parau

    Nyanyikan kisah poranda

Tak seperti

    Suara-suara dalam gedung-gedung

Yang lirih hati-hati

Tak berisik cuma bisik-bisik

Bahkan mahal sebab dijualbelikan



 2013.

Senin, 28 November 2016

Geguritan SOEDIRMAN TULADHANE PANGINYONGAN



SOEDIRMAN TULADHANE PANGINYONGAN       
               Daning : Agustav Triono
 


Sawah jembar ijo royo-royo
Iline kali nguripi masrakate
Gunung Slamet ngawe-awe
Alame adem ayem, asri lan ngangeni




Ora nyana ora ngira
Bumi Banyumas bumi ksatria
Nglairna pejuang sing kawentar
Jenderal Soedirman asmane





Nalika jaman perang
Pak Dirman ngobarna semangat juang
Senajan awak ringkih kelara-lara
Tetep gagah mimpin gerilya



Panglima Soedirman komandan laskar juang
Ora wedi marang Landa
Mending mati neng medan perang
Ora nyerah neng tengah dalan



Jenderal  Soedirman Jenderal sing kyai
Terus mimpin laskar gendera abang putih
Mbrobos alas mlipir kali
Ngrebut kamardikan sing abadi



Jenderal Soedirman pejuang sejati
Mayuh pada neladani
Semangat lan pengorbanane
Ikhlas bakti marang negeri.



  2014.

Puisi Agustav Triono ANAK-ANAK BERNYANYI DI JALANAN



ANAK-ANAK BERNYANYI DI JALANAN                                             
                      
Anak-anak bernyanyi dijalanan
Melagukan tembang kehidupan
Baginya seperti bermain di lapangan
Tempat dulu pernah sekolah
Hanya sampai kelas dua

Anak-anak bernyanyi diperempatan
Sambil tengadahkan tangan
Keringat dan peluh menetes sekujur tubuh
Kaos kumal kini adalah baju seragamnya

Anak-anak bernyanyi dipinggir trotoar
Melepas lelah sambil matanya tajam memandang
Lalu lalang lalu lintas kota
Siapa tahu ada yang melempar sedekah

Anak-anak bernyanyi disela kebisingan
Memandang jauh ke depan
Pada ruang kelas sekolah
Yang dicita-citakan

Anak-anak terus bernyanyi
Menjelang maghrib pulang ke gubug kumuhnya
Nyanyiannya melebur doa
Saat sujudnya meneteskan air mata.

Purbalingga,2013

Rabu, 09 November 2016

NULIS CERKAK BANYUMASAN NGGO NGURI-NGURI BASA PENGINYONGAN





NULIS CERKAK BANYUMASAN NGGO NGURI-NGURI BASA PENGINYONGAN
Daning  Agustav Triono



Budaya kuwe ora mung seni. Basa lan sastra uga budaya. Neng masrakat, sastra ora mung dewujudna nganggo tulisan. Neng masrakat ana sastra lisan lan sastra tulis. Sastra lisan neng Banyumas contone parikan, crita rakyat, babad, dongeng lan jemblung. Banjur sastra tulis yakuwe geguritan lan cerkak.
Apa iya sastra bisa nggo nguri-nguri budaya Banyumasan?
Angger dewek nulis sastra Banyumasan paling ora ana rong perkara sing bisa kewujud nggo nguri-nguri budaya Banyumasan
Sing sepisan sekang basa. Angger nganggo basa Banyumasan, dewek bisa nguri-nguri basane biyung (bahasa ibu). Miturut para ahli basa Banyumasan kuwe basa jawa sing kuna. Neng basa Banyumas vokal a ya diwaca a, ora dadi o. Umpamane Apa ya di waca Apa ora diwaca Opo.
Sing kepindho sekang isine. Angger nulis geguritan utawa cerkak Banyumasan kuwe bisa crita takhayul, mitos, babad uga bisa crita babagan kasunyatan neng masrakat sing dekembangna. Angger nulis sekang kisah nyata aja apa anane tapi dekembangna utawa debumboni imajinasi ben dadi apik. Angger dewek crita isine kaya kuwe artine bisa nguri-nguri budaya sing ana neng masrakat liwat tulisan.
Nulis cerkak Banyumasan idene bisa sekang ngendi ora. Bisa crita babagan urip sedina-dina, pengalaman pribadi, keluwarga lan liya-liyane. Seneng maca, maca buku lan maca alam dunya bisa ngrewangi nggo ngembangna ide.       
Tips nulis cerkak (sekang pirang-pirang sumber):
1.      Paragraf pembuka sing bisa marekna sing maca penasaran kepengin ngerti crita seteruse.
2.      Nggerakna tokoh, sifat lan karakter tokoh bisa dejelasna liwat lakune lan omongane.
3.      Fokus crita, ana konflik/masalah sing decritakna. Aja ngasih critane ora fokus.
4.      Ending. Penutup crita degawe sing marekna pembaca dadi terkesan.
5.      Kalimat efektif. Nganggo kalimat sing cindek ben kepenak dewaca.
6.      Judul/irah-irahan. aja kedawan,judul kuwe wakili isi.
7.      Editing.
8.      Sedurunge depublikasikna dewaca maning. Dediskusikna maring wong sing lewih ngerti utawa karo kanca batir.
Sing pungkasan ya kuwe mayuh bareng-bareng terus njajal nulis, nulis lan nulis. Merga sinau ora ana mandege. Inyong ya lagi sinau. Maturnuwun...
Klilan.....